Kok Zaeni?
Kebumen, Koranjateng.com - Assalamualaikum sedulur kabeh, edisi malem siji suro tanggal 15 Juni 2026, Koranjateng.com sepesial ngangkat berita nganggo bahasa kromo ngapak. Cerita berita dino iki pancen jan-jane mbingungi, ora gur rika tok. Enyong bae ya bingung nang lokasi. Udu masalah kurang madang utowo ra ono bakul pop ice.
Tapi pas poro mahasiswa kebumen nyampekno unek-unek.e karo nggoleti biyunge. Malah poro mahasiswa kebumen mau kae koyo digawe kecewa. Alasane mung siji, pengine ketemu karo biyunge, kok sing nampani malah zaeni. Ya jelas dadi pertakonan mahasiswa lan wartawan nang lokasi. Lah biyunge mengendi, nangopo sing nemoni Zaeni?
jan-jane kan poro mahasiswa mau kae kepengin ketemu langsung karo biyunge utowo bupati kebumen. Men unek-uneke biso tersampaikan langsung karo sing gawe lan nyekel kebijakan.
Nang orasine mau poro mahasiswa njaluk pembenahan terkait program MBG khususe nang kebumen, lan kasus-kasus liane koyo kekerasan seksual nang wilayah kabupaten kebumen men ditangani secara serius.
Seuwise ditampani nang wakil bupati utowo Zaeni Miftah, terus bapak wakil bupati ngendiko nek biyunge utowo bupati kebumen lagi ono perlu dewek sing jarene penting, poro mahasiswa langsung melanjutkan perjuangane menuju gedung dewan. Setelah menunggu kurang luwih atusan detik. Akhire ono perwakilan anggota DPRD kabupaten kebumen sing nemoni poro mahasiswa kuwe mau.
Kedaden maning, sing digoleti poro mahasiswa tetep ketuane, ndilalah jere salah sijine anggota DPRD kabupaten kebumen jarene ketua DPRD kabupaten kebumen agi ono perlu nang Buayan.
Mbuh bener mbuh ora, tapi kejadian kuwe marakno mahasiswa podo kecewa maning. Ketambahan salah sijine anggota DPRD kabupaten kebumen nek ora salah sko fraksi PPP malah ngguyu pas nampani poro mahasiswa.
Perkoro kuwe langsung marakno poro mahasiswa luwih kecewa, poro mahasiswa merasa dilecehkan perjuangane. Diguyu nang salah sijine anggota DPRD kabupaten kebumen nek ra salah saking partai PPP kuwi. Serampunge aksi unjuk rasa tetep berjalan tertib lan kondusif, menunjukkan nek mahasiswa kebumen kuwe pancen berpendidikan ora arogan ora anarki. Bisa tertib tapi tetep kritis sesuai jalur
(Ferdi Irawan, S.M.)


